Sabtu, 20 April 2013

Kacarita Wayang


Petruk Duta

Kacarita Prabu Bomanakasura, putrane Prabu Kresna, kepengin bisa dadi sanapatine Pandhawa ana ing perang Baratayuda.
Awit saka iku panjenengane banjur matur marang Prabu Kresna, kepriye carane supaya kekarepane iku kasembadan.
Prabu Kresna karo Prabu Baladewa banjur rembugan, golek akal. Ratu loro banjur padha nyamar dadi dewa, Prabu Kresna dadi Bathara Indra, Prabu Baladewa nyamar dadi Bathara Brama.
Dewa palsu loro iku banjur marani Gathutkaca ana ing Pringgodani, saperlu njaluk aji-ajine Gathutkaca, Kotang Antrakusuma. Senajan abot atine, Gathutkaca manut lan Kotang Antrakusuma dicaosaken marang dewa palsu iku.
Kocapa sareng Begawan Abiyasa midhanget menawi wayahe kena musibah, panjengane krasa ora sreg penggalihe, geneya ana dewa kok jaluk aji-ajine Gathutkaca. Begawan Abiyasa banjur ndhawuhi anak-anake Semar supaya nglacak, satemene dewa loro iku sapa. Sing didhawuhi Petruk, Gareng, lan Barong kudu nyamar. Petruk dadi Prabu Baladewa, Gareng dadi Prabu Kresna, lan Bagong dadi Patih Pragota, patihe Prabu Baladewa.
Kacarita Prabu Kresna lan Prabu Baladewa bareng kasil njaluk Kotang Antrakusuma terus nemoni putrane, saprelu maringake Kotang Antrakusuma marang Prabu Bomanarakusura.
Gathutkaca sing atine kegelan amarga aji-ajine dipundhut dewa, banjur nyamar kaya punakawan. Gathutkaca nyamar dadi Bomanarakasura, terus tindak Trajutrisna. Prabu Bomanarakasura palsu ngendika marang prajurit, yen Gathutkaca sejatine mungsuhe, awit ngalang-alangi anggone dadi senapati. Mula saka iku, yen samangsa-mangsa Gathutkaca teka, kudu dipilara kareben kapok.
Ora let suwe, Gathutkaca palsi teka ana ing Trajutrisna. Para prajurit wis padha siyaga, Gathutkaca palsu dipilara nganti babak belur, banjur  mlayu sowan ramane menyang Dwarawati.
Kocapa, Gareng, Petruk, lan Bagong bareng wis padha nyamar dadi Prabu Kresna, Prabu Baladewa, lan Patih Pragota banjur menyang Dwarawati, ditutake para Pandhawa. Ana ing Dwarawati dadi geger awit ana ratu dhobel.
Wusanane Prabu Kresna ngrungmasani luput, banjur dhawuh marang putrane supaya Kotang Antrakusuma dibalekake marang Gathutkaca. Prabu Kresna nyuwun ngapura marang Gathutkaca apadene para Pandhawa.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar