Selasa, 30 April 2013

Geguritan Bersajak Sama

Ing Wayah Esuk

Nalika jumedule Sang Bagaskara
Pratandha wayah sampun gagat raina
Manuk-manuk padha ganter maneka warna
Pitik- pitik kluruk ing swara


Ngger, sawangen kae para kadang tani
Padha makarya murih raharjaning negri
Bungah, susah, kuciwa, lan mangkel nyawiji ing ati
Anunggalke tekad kang wus mulat, amadhangi

Ngluku, nggaru lan padha dipunilining banyu
Ingkang sampun dados gabah, dipuniles utawi dipuntutu
Mboten kendhat-kendhat ingkang menika sedaya sampun dados pagaweyanmu
Nengga saklajengipun dados uwos agem anak putumu

Tidak ada komentar:

Posting Komentar